Sabtu, 27 September 2014

Ojo Lamis Pip


Curhat karo sopo wae raenek gunane, iso isone gur malah nambahi pikiran. Ora enek sing reti masalahe, ora enek jawaban sing “ngeh”, ora enek sing benar-benar memberi pencerahan, dadine yawis pilih meneng, dipendem dewe.

Lha iki yowis dadi resikone nek ra duwe kanca, ditambah meneh atine ringkih koyo cah wedok. Lemah, banci. Gek terus meneh, iki masalah batin, dudu lara dengkule terus dikei betadin gek mari. Iki batin, dadine ra reti obate opo. Biasane sing reti yo mung cah kae.

Cah kae, cah kae, cah kae.

Opo do reti nek aku ki kerep nangis? Iyo nangis, nggembeng, sedih, lara, ning kos, ning kos kene, ning kos kono, ning kamar mandi, ning ndalan pas ngepit, nek do pas turu, iki sing pragmatis karo sing antagonis mesti nyengir karo ngomong, heleh sok galau, pamer kesedihan. Yo iyo iki pamer kesedihan, lha rumangsamu iki opo.

Ra popo sih anyel aku, silahkan nek meh mungsuhi aku, meh benci ngasi tekan mbun-mbunan ra opo opo aku malah seneng. Pomeneh nek wayah ngene iki. Pas kabeh uwong benci ngene iki malah penak. Wong musuhi kok iso kompak, sing ning ati, sing ning kampus, sing ning ngomah. Sisan sak Indonesia wae anyel karo aku.haha.

Skip dulu curhatnya, sekarang fokus ke postingan kali ini.

Terus iki arep mbahas masalah cangkem. Duh terlalu kasar. Sing arep dibahas yaiku masalah iki, lambe. Iki barang cilik, seksi, tur punya kemampuan nggawe perkoro gede. Dadine yo bener nek enek peribahasa “Mulutmu harimaumu”. Lambemu kui macan, sing iso mbrakot awakmu dewe nek ra dijogo tenanan. Lha cah cah jaman saiki senengane do dolanan kui, media sosial, enek twitter lah, enek facebook, enek instagram, enek sing duwe kabeh.

Lha menurutku, nggawe media sosial, podo wae nggawe lambe-lambe yang lain di dunia maya. Artinya, akan semakin banyak macan-macan yang harus kau jaga. Cilaka ne, sing dasarane lambene rusak, senengane nglarani ati, ngene iki yowis, ketemu media sosial koyo macan ketemu daging. Buas, liar, dan lapar. Tidak terkendali. Semakin mudah menyakiti hati orang lain. 

Nek iso, dinggo instropeksi, nek omong kui sing apik-apik wae, nek omongane gur nglarani ati, mending rasah omong. Mending dadi pendiam wae.

Kowe nek omong gur saksake, tanpa ilmu tentang semantik, pragmatik, dan sociolinguistik, ketanggor uwong sing sensi, yawis entek riwayatmu.  Kowe guyon, ora reti situasi, pomeneh karo cah wedok, yang hatinya mudah terluka. Nek guyon i hendaknya yo sing enek standare lah. Jelas masalah ras, agama, warna kulit, terus orang tua, keadaan ekonomi, kan jelas ora pantes dadi guyonan. Terus nek masalah fisik mending rasah dadi guyonan. Lanang wedok podo wae, lara ati nek diarani sing bersinggungan dengan fisiknya. Nek guyon kebablasen nyang bab koyo ngono kui yo wajib langsung njaluk ngapura. Terus cah enom-enom sing seneng guyonan saru, nggilani tur cabul, kui udu guyonan mas, soale ora lucu.

Enek meneh sing lamis. Udu aku. Nek aku kan gur dinggo guyonan (tapi yambuh ding). Lamis kui semacam sengkuni. Seneng berkhianat terhadap omongannya. Omong sing ora ono. Janji yang memang hanya akan tidak ditepati. Lha wong lamis i dosane gede. Soale para korbannya, larane yo luwih perih. Enough said, ojo dadi wong lamis.

Terus on the other hand, iki yo penting, kedua pihak juga harus tau, juga harus sadar situasi dengan siapa berbicara, dengan orang model bagaimana dia berbicara.

Soale, mas mbak, akeh uwong ki gur salah tompo. Uakeh buanget. Omongan nglarani ati harus dikaji lebih dalam, ditelurusi dasar-dasarnya. Iki gur omongan gojek, opo cen omongan meh nglarani ati. Krungu kancane omongan sing rodo nyinggung sitik we langsung lara ati. Nesu, terus pedot kekancan, terus di unfollow, terus wegah omongan meneh, langsung pikiran tentang kancane mau ki isine mung sing elek-elek tok. Sing jahat lah, sing nglarani ati lah. Padahal mbiyen yo seneng bareng, tau dijajakne siomay, tau dibayari ngangkot, tau gojekan bareng, akeh kesenengan-kesenengan sing seketika musnah. Opo yo bijak nek ngono kui?

Gek ironisnya, ironisnya, kancamu sing omongane nglarani kui mau, padahal ora berniat blas, babar blas ra duwe niat nglarani. Gek yo wis njaluk ngapura, gek ngakoni nek kleru. Durung meneh, padahal kowe ki dianggep koncone paling apik, dipuja-puja ning ngarepe wong liyo, bahkan didongakne keselamatanmu. Di hadapan Tuhan lho kui. Ora main-main.

Kesimpulane tulisan iki mau, dadi uwong kui siji; ojo lamis. Iso njogo lambene. Ora saksake nek omong. Kudu ngerti wayah, ngerti situasi, ngerti kondisi lawan bicara. Loro, ojo gampang lara ati. Dadi uwong sing ora gampang loro ati ki ora gampang. Pomeneh nek iso sisan dadi uwong sing pemaaf. Nesu oleh, lara ati oleh, ningo bar kui yauwislah dingapura. Dimaafkan.  

Iki penulis i wis parah banget tingkat lamise, oleh karena itu, iki tulisan yo dinggo bareng-bareng. Mugo-mugo dadi kesaenan.

Nek ngendikane mas mukhlis, kita ini sama-sama belajar.

Kui kata-kata sitik tur super. Luwih super timbang pak kae sing goleke duit ning metro. Ngasi sukmben bebojoan, terus adu mulut, terus gontok-gontokan, saling mengumpat, terus ada yang terketuk hatinya, “Kenapa to yang kok kita kaya gini, sudahlah hentikan saja. Kita ini sama-sama belajar”. Ciee.

Enek meneh misale sukmben wis dadi simbah simbah, ning mesjid gek udur-uduran masalah opolah, masalah aliran, gek meh jotosan, terus ono sing misah, “Empun mbah istigfar mbah, mbotensah udur-uduran. Kita ini sama-sama belajar”. Ciee.

Terus enek sing yangyangan wis suwe terus padu terus,, hehe rasido ah.

Pak tanya pak. Lha nek enek masalah ngene kepiye? Enek sing nglarani ati, terus njaluk ngapura terus wis dingapura tapi dibaleni meneh pak? Sudah dimaafkan, sudah ikhlas, tapi diulangi lagi? Terus uwis ping pindo dingapuro, tapi dibaleni meneh. Nglarani ati meneh. Ngasi wis kesel, bola bali gur nglarani ati terus.

Nek ngono kui kepiye menurut kalian? Kalau saya sih yang penting dikaji dulu lebih mendalam. Terus make sure that he or she knows that they did something bad for you. Make sure they know. Nek ora omong opo yo reti. Pokomen i intine, bermusuhan itu boleh. Membenci orang itu boleh. Tapi jangan sampai alasannya hanya karena salah paham. Terus ingat juga harus melihat diri sendiri. Jangan-jangan yang salah itu ada di kamu. Mengko ojo-ojo gur kowe sing terlalu sensitif. 

Tapi mas mbak, tetep penyelesaian yang paling mulia itu yang paling simpel. Nek kowe dilarani bola bali, yauwis to dingapura bola bali. Nek kowe percoyo, kebaikan hatimu kui mengko balesane luwih nikmat. Tapi ya monggo. Kan ya tetap kembali kepada diri kita masing-masing. 

Sebagai penulis saya hanya menyampaikan yang ada di uneg-uneg, semoga manfaat. Itu tujuannya. Yang jelas tujuan blog ini bukan untuk menyindir siapapun. Atau memperkeruh hubungan siapapun. Tidak ada tujuan jelek dari tulisan ini. 

Akhir kata, semoga yang sedang dalam situasi sulit, dalam ekonomi, atau hubungan dengan kekasih, atau kesehatannya, semoga segera diberikan kesembuhan, diberikan jalan, dan kebahagiaan untuk semuanya. 
Untuk yang disana, kamu tahu kamu masih ada di mimpi-mimpi, masih ada dalam lantunan doa, masih ada dalam inspirasi dan semangat, jadi mohon maaf untuk semua kesalahan. Kan ..
“Kita ini sama-sama belajar.”